Sony Xperia XZ Dual SIM - Nampa telpon

background image

Nampa telpon

Yen nampa telpon mlebu nalika piranti ing mode ngaso utawa layar kekunci, apliaksi

telpon mbukak ing format layar kebak, karo lambang SIM nuduhake kertu SIM sing lagi

ditelpon. Yen nampa telpon mlebu nalika layar aktif, telpon mlebu ditampilake minangka

kabar ngawang, yaiku, ing jendhela cilik sing ngawang ing sisih ndhuwur layar apa wae

sing lagi mbukak, karo SIM1 utawa SIM2 nudhuhake kertu SIM sing lagi ditelpon. Nalika

ana kabar kaya ngene, sampeyan bisa milih njawab telpon lan mbukak layar aplikasi

telpon, utawa nolak telpon lan tetep ing layar saiki.

Njawab telpon nalika layar ora aktif

Nalika ana telpon mlebu, seret nengen.

Njawab telpon mlebu nalika layar aktif

Nalika ana telpon mlebu, ing kabar sing katon dhisik ing ndhuwure layar, tutul

JAWAB.

Tinimbang njawab telpon, sampeyan bisa menyang layar aplikasi telpon utama kanthi nutul

jendhela kabar dhisik. Nganggo cara iki, sampeyan duwe pilihan luwih akeh kanggo nangani

telpon. Contone, sampeyan bisa mutusake nolak telpon karo pesen.

Nolak telpon nalika layar ora aktif

Nalika ana telpon mlebu, seret ngiwa.

Nolak telpon nalika layar aktif

Nalika ana telpon mlebu, ing kabar sing katon dhisik ing ndhuwure layar, tutul

TOLAK.

Tinimbang nolak telpon, sampeyan bisa menyang layar aplikasi telpon utama kanthi nutul

jendhela kabar dhisik. Nganggo cara iki, sampeyan duwe pilihan luwih akeh kanggo nangani

telpon. Contone, sampeyan bisa mutusake nolak telpon karo pesen.

72

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nggawe bisu nada dering kanggo telpon mlebu

Nalika nampa telpon, pencet tombol volume.

Nolak telpon nganggo sms

Sampeyan bisa nolak telpon nganggo sms, dikirim otomatis menyang panelpon lan

disimpen ing obrolan Olahpesen karo kontak kasebut.
Sampeyan bisa milih saka pirang-pirang sms sing wis disetel saka piranti, utawa bisa

nggawe dhewe sing anyar. Sampeyan uga bisa nggawe sms pribadhi kanthi ngowahi

saka sing ana ing setelan.

Nolak telpon nganggo pesen sms nalika layar ora aktif

1

Nalika ana telpon mlebu, tutul

PILIHAN TANGGEPAN.

2

Pilih pesen sing wis ditemtokake dhisik utawa tutul

Tulis pesen anyar.

Nolak telpon nganggo pesen sms nalika layar aktif

1

Nalika ana telpon mlebu, tutul jendhela kabar ing panggonane nomer telpon utawa

jeneng kontak ditampilake.

2

Tutul

PILIHAN TANGGEPAN.

3

Pilih pesen sing wis ditemtokake dhisik utawa tutul

Tulis pesen anyar.

Nolak telpon liya nganggo pesen teks

1

Yen krungu suara bip bola-bali nalika lagi nelpon, tutul

PILIHAN TANGGEPAN.

2

Pilih pesen sing wis ditemtokake dhisik utawa tutul

Tulis pesen anyar.

Ngowahi pesen teks sing digunakake kanggo nolak telpon

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Telpon, pilih siji kertu SIM, banjur tutul Tolak telpon

nganggo pesen.

3

Tutul pesen sing arep diowahi, banjur owahi saperlune.

4

Tutul

OK.