Sony Xperia XZ Dual SIM - Baterei lan pangaturan daya

background image

Baterei lan pangaturan daya

Piranti wis dipasangi baterei. Kanggo entuk fungsi sing paling apik, terus lacak daya sing

dianggo dening aplikasi lan fitur liya. Sampeyan uga bisa nggunakake Pangrumat Baterei

kanggo nambah umur baterei. Fitur irit daya ing latar mburi diaktifake dening gawan

kanggo mbiyantu ngurangi panggunaan baterei, lan mode irit daya tambahan kasedhiya

kanggo mbiyantu ngurangi panggunaan baterei luwih akeh yen diperlokake.
Fitur irit daya ngurangi prioritas fungsi piranti tartamtu sing ora penting, kayata kinerja

gambar sing dhuwur tingkate, aktivitas jaringan kayata layanan panggonan, panylarasan

aplikasi, lan pamindaian Wi-Fi ing latar mburi. Yen ora pengin aplikasi kapengaruh,

sampeyan bisa ngajabakake aplikasi kasebut ing menu optimisasi Baterei. Telpon lan

SMS ora kapengaruh.

Panganyaran sistem uga bisa ngowahi fitur irit daya sing kasedhiya ing piranti.

Ndeleng panggunaan baterei, prakiraan wektu, lan kiyat irit daya

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Baterei. Ringkesan nuduhake persentase baterei lan

prakiraan wektu baterei.

3

Tutul

TAMPILAKE ANGGONAN BATEREI kanggo ndeleng dhaptar fitur lan

layanan sing wis nggunakake daya baterei awit sikulus isi daya trakir. Tutul item

kanggo entuk informasi babagan cara ngurangi panggunaan batereine.

Ndeleng panggunaan baterei kanggo aplikasi

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Aplikasi.

3

Pilih aplikasi lan ndeleng panggunaane liwat

Panggunaan baterei.

Kiyat panggunaan umum kanggo ningkatake kinerja baterei

Kiyat ing ngisor iki bisa mbiyantu ngapiki kinerja baterei:

Ngurangi tingkat pepadhangan layar, deleng

Setelan layar

ing kaca 60.

Pateni Bluetooth®, Wi-Fi, lan layanan panggonan yen ora merlokake fitur iki.

Pateni piranti utawa gunakake mode Pesawat yen sampeyan ana ing wilayah sing

jangkoan jaringane ora ana utawa sithik. Yen ora, piranti bakal bola-bali mindai

jaringan sing kasedhiya, lan iki ngentekake daya.

Gunakake jaringan Wi-Fi tinimbang roaming nalika ing luar nagari. Roaming yaiku

mindai jaringan asal sampeyan lan merlokake tambahan daya baterei amarga

piranti kudu nerusake data karo daya sing luwih akeh, deleng

Wi-Fi

ing kaca 50.

Owahi setelan panylarasan kanggo email, tanggalan, lan kontak, deleng

Nylarasake karo akun online

ing kaca 57.

Priksa aplikasi sing nduweni akeh panggunaan baterei lan galihake kiyat irit daya

sing kasedhiya ing piranti kanggo aplikasi iki.

Owahi tingkat kabar kanggo aplikasi, deleng

Kabar

ing kaca 30.

Pateni idin andum panggonan kanggo aplikasi, deleng

Setelan aplikasi

ing

kaca 62.

Busak instalan aplikasi sing ora diaggo, deleng

Layar aplikasi

ing kaca 25.

Gunakake piranti tanpa nyekel asli saka Sony kanggo ngrungokake musik. Piranti

tanpa nyekel ngentekake luwih sithik baterei tinimbang spiker piranti.

Wiwiti maneh piranti kala-kala.

38

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nambah pangejaba menyang fitur irit daya kanggo aplikasi

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Baterei.

3

Tutul , banjur pilih

Optimisasi baterei. Sampeyan bakal ndeleng dhaptar aplikasi

sing ora dioptimalake.

4

Kanggo nambah utawa mbusak aplikasi saka dhaptar iki, tutul

APLIKASI lan pilih

utawa ora pilih aplikasi saka dhaptar kanggo ngowahi setelan optimisasi.

5

Dhaptar aplikasi sing ora dioptimalake bakal dianyari miturut setelan sampeyan.

Sampeyan ora bisa ngajabakake aplikasi saka dioptimalake dening mode Ultra STAMINA.

Sampeyan uga bisa ngatur

Optimisasi baterei saka Setelan > Aplikasi > > Akses khusus.

Mode STAMINA

Gumantung tingkat STAMINA, maneka fitur bakal diwatesi utawa dipateni kanggo

ngurangi panggunaan baterei. Iki kalebu nggenti kinerja, animasi, lan pepadhangan layar,

pangapikan gambar, panylarasan data aplikasi latar mburi, kedher (kajaba kanggo telpon

mlebu), striming, lan GPS (nalika layar mati). katon ing garis status.

Yen nggunakake piranti mawa pangguna akeh, sampeyan kudu mlebu minangka pamilik, yaiku

pangguna utama, kanggo ngaktifake utawa mateni mode STAMINA.

Ngaktifake utawa mateni mode STAMINA

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Baterei.

3

Tutul

mode STAMINA, lan tutul panggeser kanggo ngaktifake utawa mateni fungsi

kasebut. Nalika mode STAMINA aktif, sampeyan bisa milih opsi tambahan,

contone sampeyan bisa ngatur persentase Wiwit-otomatis miturut pilihan

sampeyan.

Sampeyan bisa ngajabakake aplikasi supaya ora dioptimalake dening mode STAMINA ing

menu optimisasi Baterei.

Mode Ultra STAMINA

Umur baterei ditambah kanthi akeh, nanging aplikasi sing sadhiya diwatesi sarta data

seluler lan Wi-Fi dipateni. Telpon lan SMS isih kasedhiya. Layar Ngarep digenti lan

katon ing garis status.

Yen nggunakake piranti mawa pangguna akeh, sampeyan kudu mlebu minangka pamilik, yaiku

pangguna utama, kanggo ngaktifake utawa mateni mode Ultra STAMINA.

Ngaktifake mode Ultra STAMINA

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Baterei.

3

Tutul

Mode Ultra STAMINA, banjur tutul AKTIFAKE.

4

Konfirmasi kanggo ngaktifake.

Sampeyan ora bisa ngajabakake aplikasi saka dioptimalake dening mode Ultra STAMINA.

Mateni mode Ultra STAMINA

1

Seret mudhun garis atatus kanggo mbukak panel Kabar.

2

Tutul

Pateni mode Ultra STAMINA.

3

Tutul

OK.

Mateni mode Ultra STAMINA bakal wiwit maneh piranti.

Pangrumat Baterei

Pangrumat Baterei ora kasedhiya ing pasar AS.

Gunakake Pangrumat Baterei kanggo nambah umur baterei.

39

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Pangrumat Baterei ndeteksi pola isi daya sampeyan lan ngetung wektu wiwitan dan

pungkasan jangka wektu pangisian daya sing ajeg. Kacepetane ngisi daya dikontrol

supaya baterei tekan 100% pas sadurunge sampeyan nyopot pangisi daya.

Pangrumat Baterei ora bakal ngontrol kacepetane ngisi daya nganti ndeteksi siklus isi daya

sing ajeg paling sithik 4 jam ing jangkane wektu sawetara dina.

Ngaktifake utawa mateni Pangrumat Baterei

1

Saka

Layar Ngarep, tutul , banjur goleki lan tutul Setelan.

2

Tutul

Baterei, banjur tutul Pangrumat Baterei.

3

Tutul panggeser kanggo ngaktifake utawa mateni

Pangrumat Baterei.

Pola sing disinauni saka siklus isi daya ajeg disimpen dening Pangrumat Baterei. Uga yen

fungsi kasebut wis dipateni, iki nerapake pola sing disinauni sawise ngaktifake fungsi kasebut

maneh.